Jumat, 02 April 2010

BUDAYA LAMPUNG

kelas XII




ERNA BUDIWATI
SMA NEGERI 1 KOTAGAJAH
DIPAKAI KALANGAN SENDIRI


STANDAR KOMPETENSI
KOMPETENSI DASAR


Kelas XII Semester II

Standar Kompetensi
Kompetensi Dasar
1. Mengekspresikan Seni Tari tradisional lampung



Mengapresiasikan seni Tari tradisional lampung
-Mengidentifikasi makna dan peranan, perkembangan Tari tradisional lampung



2. Mengekspresikan Seni Tari tradisional lampung



Mengekpresikan diri melalui karya seni Tari tradisional lampung

Mengembangkan ,menunjukan serta menampilkan salah satu Tari tradisional lampung









ISI BUKU

BAB 1 .PENGANTAR TARI
A. Hakekat Tari
B. Sejarah dan Perkembangan Tari
C. Unsur-unsur pendukung Tari
D. Jenis-jenis Tari

latihan Ulangan Blok

BAB 2 TARI TRADISIONAL LAMPUNG

A. Jenis Tari Tradisional Lampung
B. Bentuk Penyajian Tari






BAB 3 TARI SIGEH PENGUTON

A. Latar Belakang Tari
B. Ragam gerak
C. Tata Rias dan Busana

latihan Ulangan Blok




BAB 4 TARI MELINTING

A. Latar Belakang Tari
B. Ragam Gerak
C. Tata Rias dan Busana



BAB 5 TARI BEDANA
A. Latar Belakang Tari
B. Ragam Gerak
C. Tata Rias dan Busana
latihan Ulangan Blok


BAB 6 TARI PIRING 12
A. Latar Belakang Tari
B. Ragam Gerak
C. Tata Rias dan Busana



Latihan Ulangan Blok
Latihan Ulangan Semester

BAB I
PENGANTAR TARI

A. Hakekat Tari
Seni tari sebagai ekspresi manusia yang bersifat estetis, kehadiranya tidak bersifat independen. Dilihat secara tekstural, tari dapat dipahami dari bentuk dan teknik yang berkaitan dengan komposisinya (analisis bentuk dan koreografi) atau teknik penarinya (analisis cara melakukan atau ketrampilan). Sementara dari kontekstual yang berhubungan dengan ilmu sosiologi atau antropologi, tari adalah bagian imanent dan integral dari dinamika sosio-kultural masyarakat (Hadi, 2005: 13).
Kussudiharjo (1985: 16) menyebutkan bahwa tari adalah keindahan bentuk anggota badan manusia yang bergerak, berirama, dan berjiwa yang harmonis. Keindahan bukan hanya hal-hal yang halus dan bagus saja, melainkan sesuatu yang memberi kepuasan batin manusia. Jadi gerak yang kasar, keras, kuat, dan lainya bisa merupakan gerak yang indah. Berjiwa bisa diartikan memberi kekuatan yang bisa menghidupkan, jadi gerak yang telah dibentuk dan berirama tersebut seakan hidup dan dapat memberikan pesan yang dapat dimengerti.
Uraian di atas jelas bahwa pengertian tari adalah keindahan bentuk anggota badan manusia yang terungkap melalui ekspresi dan gerak-gerak yang ritmis, dapat memberi pesan yang dimengerti. Tari adalah ekspresi jiwa manusia yang bersifat estetis dan tidak bersifat independen, kehadiran tari tidak akan lepas dari masyarakat pendukungnya.

.B. Sejarah dan Perkembangan Tari

C. Unsur Unsur Pendukung Tari
1. Gerak sebagai Media Utama Tari
Untuk terwujudnya sebuah tarian diperlukan beberapa elemen sebagai pendukungnya, yang paling baku adalah gerak. Bahwa subtansi baku tari adalah, gerak merupakan pengalaman fisik yang paling tua dari manusia untuk menyatakan keinginan-keinginannya (Soedarsono, 1978: 1).
Di dalam dunia tari gerak dibagi menjadi dua, yaitu gerak murni dan gerak maknawi. Gerak murni adalah gerak yang hanya mementingkan bentuk artistik dan tidak mengandung arti. Sedangkan gerak maknawi adalah gerak yang telah distilir dan mengandung arti tertentu.
Gerak yang merupakan elemen dasar tari adalah sebagai ungkapan perasaan atau ekspresi jiwa dari penciptanya. Dan gerak-gerak tersebut mengandung maksud tertentu, baik maksud yang sudah dimengerti oleh orang lain maupun yang simbolis atau abstrak yang sukar dimengerti, tetapi rasa keindahannya tetap ada (Soedarsono, 1978: 17). Dengan demikian maksud dari bentuk tari disimbolkan dengan gerak sehingga makna gerak itulah jiwa dunia tari (Sedyawati, 1984: 33).

2. Tata rias dan Busana
Tata rias dan busana menjadi bagian penting dalam tari. Dalam kaidah tari jawa misalnya dikenal istilah mungguh yaitu kesatuan bentuk dan isi tari. Lebih jelasnya :
“Kemungguhan dapat diartikan sebagai ketepatan wujud tari, wujud kesatuan tari, wujud yang dijelmakan penari dalam sajian tarinya, wujud tari itu bukan hanya mengenai bentuk ( tangguh dan bleger) tubuh belaka. Demikian juga kemungguhan bukan semata-mata ketepatan wujud kesatuan tari yang timbul dari bentuk (bleger) tubuh yang ditarikan penari belaka, melainkan yang timbul dari kesatuan unsur-unsur penunjangnya seperti: tata rias, tata busana, tata iringan, tata panggung, dan tata cahaya” (Humardani, 1991: 31).

Tata rias dan tata busana merupakan faktor pendukung terwujudnya kemungguhan tari. Tata rias dimengerti sebagai usaha pembentukan rupa wajah manusia dan wajah-wajah lain untuk mendapatkan kesan visual seperti yang diharapkan (Wahyudiyanto, 2008: 28).

3. Tata Musik
Aspek musikal merupakan unsur penunjang kemungguhan tari, meskipun kedudukanya sebagai penunjang namun kehadiran aspek musikal tidak dapat diabaikan. Antara gerak dan aspek musikal dirasakan sangat lekat membentuk keutuhan rasa tari. Kedudukan tari dalam suatu budaya sangat ditentukan oleh warna musik yang terlahir dari budaya itu. Karena pada dasarnya secara tradisional tari dan musik berasal dari sumber yang sama yaitu dorongan atau naluri ritmis manusia (Murgianto, 1986: 30).
Musik dalam tari dapat berfungsi untuk mengiringi tari, memberi suasana atau ilustrasi dan untuk mempertegas dinamika ekspresi tari. Musik memiliki elemen dasar yaitu : nada, ritme dan harmoni. Keberadaan musik dapat membantu penyajian tari meskipun hanya satu elemen saja.

4. Tema Tari
Tema adalah pokok pikiran atau dasar ceritera, tema dalam tari adalah sebuah pokok pikiran atau dasar ceritera yang disebut dengan konsep ataupun pemikiran awal, ketika seorang koreografer akan menciptakan suatu garapan tari yang baru.

5. Desain Lantai
Adalah garis-garis yang dilalui penari atau garis formasi kelompok. Secara garis besar ada dua pola dasar pada pola lantai yaitu garis lurus dan garis lengkung, garis lurus memberi kesan sederhana namun kuat, garis lengkung memberi kesan lembut atau lemah (Soedarsono, 1978: 24).

6. Properti Tari
Properti tari merupakan suatu alat yang digunakan penari di dalam sebuah pertunjukan.
7. Tata Pentas
Suatu pertunjukan apapun bentuknya pasti membutuhkan tempat pementasan. Panggung merupakan sarana utama dalam suatu pertunjukan, meskipun demikian panggung atau tempat pertunjukan hendaknya tidak mengganggu kebebasan gerak penari, dalam arti panggung tidak boleh terlalu penuh dengan benda-benda yang tidak dapat membantu pencapaian ekspresi penari.

D. Jenis Jenis Tari



GEGURITAN

CATHETAN

Saben wektu aku kepengin nggugah lehmu turu.
Sakdurunge esuk kelangan hawa njekut
Lan srengenge gage muser ing selane godhongan
Mumpung dhenok thole isih mlungker ngeloni bantal
Wektu kang mranjak ing umurmu lan umurku
Nanging... aku mung iso gawe kopi ireng sak cangkir
Pangaras sak tleraman, minangka gantine rasa kangen.
Pandulumu kang ilang kasasab pakaryan.
Geneya wektune mung sedhela.
Durung paja paja, candhikala teka.
Kidung lan beksan karonsih tansaya adoh.
Atiku pindha kajojoh.

Uti, 2 April 2009


DAK TULIS

Dak tulis bab sliramu.
Nanging ana kang kabuncang angin.
Aku ora ngerti
Bisa uga impen-impen dina kawuri kang saiki dadi nyenyet.
Dak tulis grimis wayah sore.
Nanging geneya ora bisa tapis
Sisane mung ati geter pater
Atise rumembes teles ngrasuk angga pepes
Dak tulis talining katresnan
Geneya ana rasa tidha-tidha lan cubriya
Gawang-gawang guyumu tansah mbebeda

Uti, 20 April 2009


CATHETAN

Aku durung bisa mbayar utang-utang marang sliramu
Samubarang Pangaras, uga panandhang atimu kang mbok para-para
Nanging aku dudu lanang cilik kang durung ilang pupuk lempuyang.
Daktaker, dak gunggung kabeh.
Kanthi ati seleh
Suwe rasane katresnan iki kabondhot godhong jati.
Jatine panguripan
Mula aku uga tetep gondhelan kenceng
Gunem lan catur kapungkur
Sakdurunge lorodan, sakdurunge kumandhang ilang.
Aku kepengin nembang.
Iramane eling-eling kasmaran.
Geneya swara mandheg ing gurung
Mung pucung wuyung kang tumlawung

Uti, 20 April 2009

PAGEBLUG PLUGON 1

Nalika ati iki wiwit bisa nampa
Mangerteni apa kang dadi kekarepanmu
Kaya tidha-tidha sajak ambebeda
Ati iki saya katut lulut
Nanging....
Sesawangan saya adoh
kedasih ing sakduwure pucuk jati
Ora duwe daya
Kanggo ngarep padange pedhut.
Kabeh amung sumeleh kanti ati
Rujah rajih pindha kacacah

kedasih, April, 2009


PAGEBLUG PLUGON 2

Mampir panduluku kiwa tengen.
Amung jati kang ngrembuyung
Geneya kabeh tetep ora owah
Panjangkaku, panrawangku pupus
Kawiyak siji mboko siji
Alon..
Mung katresnan jati kang lumaku
Tumapak lan kudu jumangkah
Pageblug saya samar, samar
Meh ilang katut angslupe sore

kedasih, april 2009

PAGEBLUG PLUGON 3

Lingsir ndalu mripat iki,
Ati iki ora bisa merem lerem
Katutup pedhut kang saya peteng
Bebayu lan anggaku ora kuwat
Nampa kahanan, pindha pageblug plugon
Saya samar
Wondene pedhut kang memplak
Nutup ron jati, sekar jati lan pupus kang wiwit tumungkul
Kabeh peteng ambyar ora karuan
Kedasih kelangan lacak bingung leh arep mabur
Leren ya mung kesandung pedhut lan pang-pang jati garing.

kedasih, april 2009

BAB SLIRAMU

Putih anggamu tak rengkuh kawit wayah candhikayu
Aku kepenging ngopeni crita lawas
Tresna kang kabuncang,....kandhamu
Nadyan arang kranjang tatunadyan mecaki dalan latu
Anggamu kang tak ligan
Tak pondhong sakdawane dalan tumuju wengi
Kumandhang sandhung,
Seblak sampur, beksan karonsih
Atiku mawur campur getih asih.
Uti, 26 mei 2009

DAK TULIS

Dak t ulis bab katresnan kang kabuncang
Nalika rasa njekut kang rumesep
wiwit candhikayu mbabar wijiling ndalu
Ati iki saya kabuncang rasa kangen,
Marang swara lan ungeling gangsa
Marang seblak sampur lan ukeling beksa karonsih.
Ambyor kabeh rasa sih katresnan kang kabuncang
Kabungcang angin kang saya gedhe
Mbuh kapan pangrasa iki bisa dadi tamba ati kang wis kabondhot godhong jati
Jatining panguripan.
kedasih, mei 2009

Kanggomu dak tulis

Garis garis sing mbok gawe
Gawe laraning jiwa ragaku
Lara kang banget anggegores ati kanthi tandes
Nanging kabeh kuwi dudu pungkasing laku
Isih ana dalan kang kebak tresna asih sing bisa dadi donga
Sing bisa dadi tuladha tumprap dalan bener
Aku dudu cah cilik kang manut yen mbok gandeng
Aku manungsa kang duwe paugeran kang kudu dinalar
Panjangka kang ora entek sadawaning dalan urip
Amung Gusti kang bisa lan mesthi paring pituduh
Marang kabeh titah kang pancen kudu oleh pangayoman

Kanggo kakangku lampung kdsh, juni 2009


Bab Sliramu

Sakdawane dalan,
mung kebak kidung-kidung,
Swara-swara kang katutup rapet karo godhong jati.
Kabur kanginan gogrog sadawaning dalan
gepok senggol kegawa angin .
wondene jati diri manungsa kang kabuncang saya santer.
Ananging kabeh pepesthen, kabeh ginaris,
Pindha wewayangan sajroning pakeliran
Kedah lumampah
paribasan kembang yo kudu ambyor, godhong gogrog lan pupus tumungkul
kabeh kudu linambaran rasa iklas, pasrah lan seleh
pidha wit wit jati sadawane dalan kang ora saben mangsa sirna.

kanggo uti kdsh, juni 2009


BAB KATRESNAN

Katresnan dudu tembung kang ucul saparan
Nanging rasa kang or a saben titah bisa nampa
Katresnan kang kabondhot ron jati, jatining panguripan
Mbabar pirang-pirang rasa binarung lakune mangsa
Abot katresnan kang wis kabondhot godhong jati
Amrih ora dadi abang kena tlutuh
Kanthi rasa seleh, narima lan sareh wening ing penggalih
Kang bisa mbondhot katresnan
Ben tetep putih ora kena tlutuhe jati,
Amrih bisa tetep dadi katresnan jati.

Kedasih, juni 2009


KANGGO PROF. DR . SUMINTO A SAYUTI

Gedhe pangapura kang dak suwun, kedasih dudu penulis geguritan, kedasih ora ngerti paugeran kang sabenere bab geguritan amung kanti ora ngurangi rasa hormat dan kesengsem marang panjenengan, opo kang dak tulis bisa gawe tentreme kedasih, sepisan maneh matur nuwun tanpa umpami kang tuwuh saka jroning ati dak aturke marang panjenengan.
Muga kabeh pinaringan nugrahaning Gusti , tumprape lelakon kang wis dak lakoni sadawane kedasih nggoleki bebener nggoleki katresnan jati kang kabondhot godhong jati. Muga geguritan iki bisa dadi pepenget, Nuwun.

Kedasih, juni 2009

BAB TRESNA KANG KABUNCANG

Kedasih tetep dadi kedasih
Tansah nggoleki katresnan kang kabuncang
Ing sajroning pedhut sakdhuwure pucuk jati,
Pirang-pirang Candhikayu wis ora etung
Srengenge wis bola bali muser ing selane gegodhongan
Ananging kedasih urung pikantuk arah
Mbuh kapan tetembungan bisa dadi dalan lan pepesthen
Tekan wiwit mangsa candra ing wengi
Gumanti karo srengenge anyar ing dina liya
Ananging kedasih tetep kedasih
Ora bakal malih dadi sriti
Tetep bakal mabur nggoleki padhange dina
Ngugemi swara lan lakune bayu semilir
Kanti ungeling swara katresnan kang kabuncang,
Kabondhot godhong jati rapet,
kanti impen-impen kang ora daradasih.

Kedasih, juni 2009


Bab katresnan jati

Katresnan kang kabuncang wis wiwit seleh
Wiwit candhikayu dina kepungkur kedasih nemu dalan
Mbuh kepiye wujude kedasih pasrah anut lakune mangsa
Linambaran sih tresna kang ora daradasih bakal dadi duweke,
Oh.....kedasih
nggoleki katresnan kang kabondhot godhong jati
Jatining urip.
Abot.......abot mujudake linambaran iklas mau
Ananging weninge ati dadi pinangka sakabehane
Sanajan to kudu mecaki dalan latu kanthi ati tatu
kaya pangandikamu.

Kedasih, juni 2009


Kedasih manglung

Tetesing banyu ing dina iki
hawa atis kang ngambung kulitku
Rumesep kaya bekune es kang nyiram atiku
Geneya tembung-tembungmu mung sajak ambebeda
Kedasih mandeg ana pang jati kang manglung
Arep neruske laku ragu
Arep mandeg
kelingan swara lan pangucap tembung kepungkur
Mula anane mung mangu-mangu
Kabeh kudu linambaran iklas
kang kudu terus tumungkul
Ben wae kabeh dadi kekarepan kang ora daradasih
Kabeh amung impen-impen
sajrone tembang-tembang kasmaran

Kedasih, juni 2009

Panrawang

Hawa njekut atis kang ngambus kulitku
Nggugah jiwa raga nalika nyumpena sadawane wengi
Swara ocehe kukila binarung padhange dina
Nganti tekan meh lingsir
Nalika srengenge muser neng tengah bun bun
Eling pemutku mung karo sliramu
Sakabehane kang bisa mbondhot atiku nganggo ron jati
Aku mung bisa lungguh neng bates
Manglung kanti pangarep-arep tembung-tembung
Lan swara kasmaran
Jroning ati runtik kelingan lulut seblak sampur beksan karonsih.

Kedasih, juni 2009

Bab Sliramu

Sakdawane dalan,
mung kebak kidung-kidung,
Swara-swara kang katutup rapet karo godhong jati.
Kabur kanginan gogrog sadawaning dalan
gepok senggol kegawa angin .
wondene jati diri manungsa kang kabuncang saya santer.
Ananging kabeh pepesthen, kabeh ginaris,
Pindha wewayangan sajroning pakeliran
Kedah lumampah
paribasan kembang yo kudu ambyor, godhong gogrog lan pupus tumungkul
kabeh kudu linambaran rasa iklas, pasrah lan seleh
pidha wit wit jati sadawane dalan kang ora saben mangsa sirna.

kanggo uti kdsh, juni 2009

Katresnan daradasih

Ambyor rasa sih tresnaku marang sliramu
Ora dak para-para, ora dak pilah-pilah
Katresnan kang mbok bondhot godhong jati
Kang tuwuh ing lorodan yuswa kang saya pungkas
Kabeh tuntas dak simpen rapet dadi katresnan jati
Kabeh linambaran iklas kang tuwuh sajroning atiku
Kedasih bisa oleh padhange pedhut
Bakal neruske abur lan laku
Binarung wangine sekar melati rinonce
Pnndha reroncen jiwa raga
kang dak pasrahke marang sliramu.

Kedasih, juni 2009

Kang paling pungkas

Wis kudu leren pancen kudu pungkas
Tembang-tembang ungeling gangsa lan seblak sampur
Beksan karonsih, kang lulut atut lan runtut
Esem pedheting netra kabeh kudu tuntas
binarung rasa seleh, iklas lan pasrah
kedasih tetep kedasih
kudu bisa nemu cahyaning padhang
ben ora kesandung pang lan petenge pedhut
abure kedasih nggawa tresna kang kabondhot godhong jati
jatine urip
mesti bakal leren katut pepesthening Gusti
katrenan kang lulut abure kedasih bakal nggawa crita
crita kang linambaran iklas tekan temahing jati.

Kedasih, juni 2009

Kekidungan wengi

Kidung wengi wiwit candhikayu tekan meh rahina
Sumanding cedak sajroning impen kang ora dadi kasunyatan.
Tembang-tembang asmarandana tumanglung pindha pucung wuyung
Kabeh lumaku kanti alon linambaran katresnan kang kabondhot godhong jati jatining panguripan
Wondene atiku kaya kedasih nggoleki sriti
Abure kedasih amung ana nduwur pucuk jati geneya kedasih bisa nampa
Senadyan mung bisa nyawang ambyore sekar godhong jati gogrog anut dawane mangsa.

Kedasih, juni 2009

Tamba ati

Tembang tembang lan kidung katresnan jati wis ora keprungu
Kabeh nyeyet peteng kaya mendung ngalingi candra
Gawang-gawang tetembungan gunem kepungkur saya njojoh atiku
Kedasih pengin dadi tamba ati kang krowak ben bisa rapet lan wutuh
Beksan karonsih kang lulut alus dadi panrawang daradasih
Kabeh bisa lumaku kanti iramaning gendhing linambaran iklas
Pangucapmu siji loro bisa gawe ademing ati kang kebak latu
Nunjeming netra bisa ndadekake kedasih kesrimpet tresna
Kumlawening asta dadi pangaras kang ora bakal sirna

Kedasih, juni 2009

Kanggomu banyu mili

Banyu mili mung perlambang
Kang dadi lorodan yuswa lorodan gesang
Sadurunge kabeh tumlawe merem merga ngantuk
Kabeh samubarang kang ora daradasih
Mbuh kapan mesti pepes tumpes
Pepesthen tetep dadi pepesthen
kang kudu dieling lan pemut tekan jungkaping yuswa
banyu mili bakal tekan segara amber
obahe banyu gawe rasa pangrasa kang ora ana enteke
mlaku tumeka pasir ambles sirna
terus ora bakal leren
samubarang pakaryan kang ora daradasih

kedasih, juni 2009
















nuansa suasana hati